Syair ini dikarang oleh : K.H. Abdurrahman
Wahid (Alm)
Jombang – Jawa Timur
Ya Rosulaloh, salamun 'alaik, ya rofingasa niwad daroji
ngatfata yaji rotal 'alami, ya uhailalju diwal karomi
1.
Ngawiti
ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji maring pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan 2 X
|
8. Kumantil
ati lan pikiran
Ngrasuking badan kabeh jeroan
Mu’jizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge
iman 2X
|
2.
Duh bolo
konco priyo wanito
Ojo mung ngaji sareat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro 2
X
|
9. Kelawan
Alloh kang Maha Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati lan di riyadhoih
Zikir lan suluk jo nganti
lali 2X
|
3.
Akeh kang
apal Qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewek dak digatekke
Yen esih kotor ati akale 2X
|
10. Uripe anyem rumongso aman
Du
munge roso tanda yen iman
Sabar
nrimo najan pas pasan
Kabeh
tinakdir saking pengeran 2X
|
4.
Gampang ka
bujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto 2X
|
11. Kelawan konco dulur lang tonggo
Kang pada rukun ojo ndeksio
Iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad penuntun
kito 2X
|
5.
Ayo
sedulur jo nglaleake
Wajib ngaji sa’pranatane
Nggo ngandelaken iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine 2X
|
12. Ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dzohire
Ananging mulyo maqom
drajate 2X
|
6.
Kang aran
sholeh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku tarekat lan ma’rifate
Ugo hakekat manjing rasane 2X
|
13. Lamon palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swarga
manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2X
|
7.
Al Qur’an
qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo 2X
|
13. Astaghfirulloh
robbal barroya
Astaghfirulloh
minal khotoya
Robbi dzidni minal
nafingan
Wawafiqni ngamalan
solihan
|
Belum ada tanggapan untuk "Syair Gus Dur dari Jombang"
Posting Komentar